He jalmo,,!!
Koyo wus kawistoro ing jagat brang wetan marantak-antak sumunar abang brengangang tanda jumuduling sang bagaskara,Yo sang surya amadangi dunyo pertiwi jagat sak isine
He jalmo,,,!
Dadyo kawuningan mongko lamun poro jalmo kang kapatah
,ora biso amiarso mar9ing wujuting karyo ora toto kang tumoto
Printahing kang kuoso ora biso bener lan sempurno mongko ora bakal wujud titis,tatas,tutus kang nggowo tetesan.
Yo ing kono bakal dumadi goro-goro.
Wujuting goro-goro bledeg tatit mangampar-ampar kang den kanteni gumeglaring gluduk sartane udan ing wanci ketigo.
Akeh ambarang amuk tuwuh rojo koyo podo mati kang den pepaesi sumebaring wabah lan molo sartoning penyakit wahono roso wacananing ombak lan alun ing samudrobakal nggowo gedhening fitnah sartaning angrembakaning laku cidro tindak duroko mubaling angkoro yo ing kono tetelo lan pratondo manungso wus ilang kamanungsane andikoro karso dumadi dwi warso.
He jalmo,,!
Kang tinitah tanoto pumpung durung kadaluwarso siro kudu bener-bener sak durunge sang suryo anukulake karso ing jagad raya
Siro kudu bener-bener ambesut raga olah rasa anyisehake kabeh kridaning howo bekti tumungkul maring kang kuoso
Jumudhuling goro-goro amiyak latri tinanggenahrubahing dahono
He jalmo,,,!
Sadarano sesanggahanmu ojo den gawe sembrono wujudno syukurmu marang karsane kang kuoso jalaran kabeh iku westinitah garisingpepesten kang ngagowo sanyoto yo wujuting manembah kang dadi bebono
Leluhur
(Eyang Lontar,Syekh Ma'Dhum)
EmoticonEmoticon